PENGUMUMAN

  • ARTIKEL BASA JAWA  ''STRUKTUR FRASA BAHASA JAWA PERTENGAHAN DALAM KITAB PARARATON''

    ARTIKEL BASA JAWA ''STRUKTUR FRASA BAHASA JAWA PERTENGAHAN DALAM KITAB PARARATON''

    Dening Dwi Taryanto

    Kitab Pararaton pinangka satunggaling kitab ingkang sae sanget menawi badhe dipunrembag babagan basanipun. Menawi dipuntingali saking tataran frasanipun, asring ugi dipunprangguli struktur frasa basa Jawa ingkang nggadhahi pola asli saha struktur frasa basa Jawa ingkang ngginakaken pola Sansekerta (India). Panaliten ingkang dipunrembag inggih menika (1) kadospundi struktur frasa basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun saha (2) kadospundi struktur frasa basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun. Gegayutan kaliyan perkawis kasebat, panaliten menika hanggadhahi pangangkah kangge njlentrehaken struktur frasa basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun saha njlentrehaken struktur frasa basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun.
    Pendhekatan ingkang dipunangge inggih menika pendhekatan teoretis saha pendhekatan metodologis. Pendhekatan teoretis ingkang dipunangge pendhekatan struktural, ananging pendhekatan metodologis ingkang dipunangge inggih menika pendhekatan deskriptif kualitatif. Data panaliten arupi sedaya ukara ingkang ngemu frasa. Sumber data panaliten menika arupi kutipan teks basa Kawi Verh. Bat. Gen. v. Kunst. En Wetensch. Deel LXII kagunganipun Dr. J.L.A. Brandes. Data panaliten menika dipunkempalaken mawi teknik simak lan catat, analisis datanipun ngangge metode agih, saha panaliten menika kababar mawi metode informal.
    Asil panaliten menika njlentrehaken bilih struktur frasa basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton karonce saking enem jenis, inggih menika frasa nominal, pronominal, numeralia, verbal, adverbial, lan frasa preposisional. Struktur frasa nominal basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun nggadhahi enem tipe: (1) nomina + adjektiva, (2) nomina + nomina, (3) nomina + numeralia, (4) nomina + pronomina, (5) nomina + verba, lan (6) numeralia + nomina, ananging adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun, frasa nominal basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton nggadhahi gangsal tipe, inggih menika: (1) frasa + frasa, (2) kata + frasa, (3) kata + kata, (4) kata + klitik, lan (5) klausa + klausa. Struktur frasa pronominal basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adedhasar kategori unsur-unsuripun nggadhahi setunggal tipe, inggih menika: pronomina + nomina, ananging adedhasar satuan lingual unsur-unsuripun, frasa pronominal basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton nggadhahi kalih tipe: (1) kata + frasa, lan (2) kata + kata. Struktur frasa numeralia basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun nggadhahi setunggal tipe, inggih menika: numeralia + nomina, ananging adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun, frasa numeralia basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton nggadhahi setunggal tipe, inggih menika: kata + kata. Struktur frasa verbal basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun nggadhahi sekawan tipe: (1) verba + nomina, (2) verba + verba, (3) verba + adverbia, lan (4) tembung parentah + verba, ananging adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun, frasa verbal basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton nggadhahi setunggal tipe, inggih menika: kata + kata. Struktur frasa adverbial basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun nggadhahi setunggal tipe, inggih menika: adverbia + adverbia, ananging adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun, frasa adverbial basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton nggadhahi setunggal tipe, inggih menika: kata + kata. Struktur frasa preposisional basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton adhedhasar kategori unsur-unsuripun nggadhahi kalih tipe: (1) preposisi + nomina lan (2) preposisi + pronomina, ananging adhedhasar satuan lingual unsur-unsuripun, frasa preposisional basa Jawa Tengahan ing kitab Pararaton nggadhahi kalih tipe, inggih menika: (1) kata + frasa, lan (2) kata + kata.
    Adhedhasar asil panaliten kasebat, panyaruwe ingkang dipunaturaken kagem para pamaos inggih menika kapurih nindakaken panaliten salajengipun ingkang wonten gegayutan kaliyan panaliten struktur frasa basa Jawa Tengahan, tuladhanipun panaliten ingkang gegayutan kaliyan struktur fungsional lan makna antawisipun unsur-unsuripun, sarta ndamel panaliten babagan struktur sintaksis basa Jawa Tengahan adhedhasar satuan klausa utawi wacana.

     

KOMENTAR